Jumat, 19 April 2013

DOA KU


Bismillahirohmanirrohim....

Allohuma sholi ‘ala Sayidiina Muhammad, Sholallahu Alaihi Wasalama


Subhanallah…Maha suci Dzat ingkang Ngratoni sedoyo alam..
Subhanallah…Maha Suci Dzat ingkang Maha ngudaneni sedoyonipun,
Subhanallah…Maha suci Dzat ingkang Nguasani punopo kemawon…


Alhamdulillah... Gusti..., kawulo taksih pun paringi kekuatan,
Alhamdulillah….,Sampun pun paring emut lan pengeling-eling dumateng kawulo, 
Alhamdulillah ….sampun pun paringi kesehatan,
Alhamdulillah ….sampun pun paringi kesempatan ngraosaken ke Agungan Panjenengan, 
Alhamdulillah ….sampun pun paringi kesempatan ngraosaken maha Kuaosipun Panjenengan, 
Alhamdulillah ….Sampun pun paringi raga lan manah ingkang sekeco,
Alhamdulillah ….sampun pun paring wekdal lan kesempatan kagem ngibadah dumateng Panjenengan,
Alhamdulillah ….panjenegan sampun paring kenikmatan, paring sedoyo ingkang kawulo betahaken....
Ngantos mboten saged kawulo ngetang-etang sedoyo kenikmatan ingkang sampun panjenengan Paringaken dumateng Kawulo….
Alhamdulillah…Alhamdulillah.. tsuma Alhamdulillahi robbil'alamin...

AstagfirullahNyuwun pangapunten Gusti, kawulo dereng saged ngibadah dumateng panjenengan kanthi leres, bener lan pener.
Astagfirullah…kawulo taksih kathah nglampahi lelampahan-lelampahan, maksiat, fasiq, lacut, lan lelampahan ingkang panjenengan bendoni, ...Nyuwun Pangapunten Gusti....
Astagfirullah…dereng saged njagi amanah panjenegan dumateng kawulo, 
Astagfirullah… raga punika, taksih tansah kelebatan tetedhan  ingkang mboten halal, tetedhan ingkang mboten sae, mboten thoyiban, hingga nyebabaken rasa sakit lan penyakit ing raga punika,… nyuwun Pangapunten Gusti…
Astagfirullah… Bathin punika, taksih tansah goreh..drengki, srei, hasut, dumateng tiang sanes, mugio paring magfiroh dumateng sedherek-sedherek kawulo ingkang sampun kulo larani manahipun..
Astagfirullah… Pikiran kawulo taksih jember, kathah rereged, hinggo kathah nglirwaaken dhawuh-dhawuh panjenengan…
Astagfirullah…kawulo taksih dzolim dumateng anak-anak lan bojo, ingkang sampun panjenengan amanahaken dumateng kawulo...Nyuwun Pangapunten Gusti, kawulo dereng saged ngempani kelayan murwat, dereng saged ngajari piyambakipun supados saged ngibadah dumateng panjenengan, malahan kawulo taksih kathah nuntut dumateng piyambakipun....
Nyuwun Pangapunten Gusti...
Kawulo Ajrih sikso Panjenegan Gusti..... Astagfirullahal'adhiim… Astagfirullahal'adhiim… Astagfirullahal'adhiim…

Awit puniko Gusti, hanamung dumateng Panjenengan kawulo nyenyuwun, hanamung dumateng panjenengan kawulo ngajeng-ajeng pitulungan, pun damel gampil sedoyo urusan, hanamung dumateng panjenengan kawulo ngajeng-ajeng magfiroh, pun paringi keslametan dunyo lan akherat kawulo...
Duh...Gusti, Hanamung Panjenengan ingkang Maha Kuwaos,...Sumonggo kerso Panjenengan Gusti, kawulo sumarah....Insyaallah.....

Hasbunnallohu wa ni’mal wakiil, ni’mal maulaa wa ni’man nashiir…Hanamung panjenengan Gusti...se sae-saenipun wakil ingkang saged ngrampungi sedoyo urusan, lan hanamung Panjenengan se sae-saenipun Pengageng ingkang saged paring pitulungan.

Laa haula wa laa quwwata illaa billah……mboten wonten daya lan kekiatan kejawi saking pitulungan Panjenengan Gusti…

Amin...amin...Ya.Robbal ‘alamin…

Tidak ada komentar:

Posting Komentar